Rabu, 23 Februari 2011

Kabudayan Jawa

Iseng-iseng pingin nulis nganggo basa Jawa. Uwis sawetara waktu ora nulis nganggo basa Jawa. Kelinganku nulis karangan nganggo Basa Jawa tahun 2000. Ora krasa wis 11 taun :D
Mbok menawa uwis akeh tembung Jawa kang wis tak lalekke, bisa kanggo ngeling-eling. Ngeling-eling jaman mbiyen nalika isih SD, kerep maca Djaka Lodang, Mekar Sari, Panjebar Semangat. Nanging saiki wis ora tau blasssss. Ora ngerti neng ngendi bisa entuk majalah Basa Jawa kui........

(aduh, dadi lucu....... jebule nganggo mikir, ngeling-eling Basa Jawane)
"Kecemplung" nggone wong-wong kang ngurusi Kearifan Lokal, dadi mekso ndudah kabudayan Jawa, kang akeh sing ora tak mangerteni. Ngurusi pelatihan Batik ndadekke sregep takon Mbah Gugel. Nalika pelatihan batik, aku kejatah ngomongake babagan motif. Maknane motif-motif klasik (opo iki boso Jawa-ne. Sajake "klasik" seko tembung class, basa asing). Ono motif sing jenenge motif tambal. Isine tambal-tambalan maneka motif. Wong Jawa duwe kapercayan, yen wong lara nganggo jarik motif tambal, bakal cepet mari. Yen babagan kaya iki ditularke karo cah-cah saiki bakal disaut, kui syirik kui. Ananging aku nembe mangerteni yen sing dikarepake kui dudu mergo jarike sing marai cepet mari saka lelaran. Wong Jawa jaman mbiyen sajake seneng pitutur ora nganggo basa langsung. Motif tambal kui disusun saka maneka motif, saenggo katon dadi motif kang anyar. Pituture, wong kang nembe lara bisaa duwe ati kang ora nglokro. Yen wong saiki ngomonge "duwe semangat baru". Kasunyatan, ing ilmu psikologi babagan kaya ngene iki duweni dampak (apa iki basa Jawa asline dampak-red)tumpraping wong kang nandang lelara. Wong kang duwe pangarep-arep gede pingin mari, bakal luwih cepet mari katimbang wong kang nglokro.

Mbok menawa akeh pitutur Jawa kang ora langsung. Bocah enom jaman saiki (kalebu awakku dewe he he he ) akeh kang nolak mentah-mentah amarga nganggep ketinggalan jaman, ora masuk akal. Sing sepuh mbok menawa ora njlentrehake asal-usule. Bisa-bisa kabudayan Jawa bakal angslup, ilang. Mula, dibutuhake piwulange sesepuh.

Alhamdulillah, cilikanku kemlinthi, wani takon, lan wong tuwaku gelem nuturi. Aku isih kelingan nalika isih cilik, yen ndodok, lungguh neng ngarep lawang, Bapak utawa Simbok alok. Ora lingguh neng ngarep lawang. Aku banjur wangsulan . Lha ngapa? Bapak utawa Simbok njawab, "Ora Ilok" . Aku isih takon maneh. Ora ilok ki opo? Untunge Bapak Simbok ora njawab. Pokoke "ora ilok". Ananging njlentrehke. Ora ilok iku ora wangun. Lawang iku kanggo dalan wira-wiri. Kerep dinggo liwat. Yen lungguh ing tengahe bakal ngganggu wong kang liwat. ....

(disambung liya wektu :D),
anggone nulis mung manfaatke nunggu wektu kuliah mlebu :D

2 komentar:

  1. Pancen lucu basa jawamu nanging malah nyenengke he......
    Muga clathu lan lakumu tansah sinengkuyung dening Gusti Kang Murbeng Dumadi, solah bawa nggawa pangaribawa mring sapadha-padha tumuju ing laku utama.

    Alen-alen cemplungke kalen, gobang cemplungke blumbang, graji cemplungke kali ... Werdine?




    Ana bocah nrithik senengane nyemplung-nyemplungke barang neng mbanyu. he7 nderek langkung nggih jeng ...!

    BalasHapus
  2. ateges saged dados pangllipur :))

    senter cemplungke banyu ember,
    bur cemplungke sumur =))


    nrithik, ngglidik kui becik :D

    BalasHapus